Jumat, 10 Februari 2017

PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW

PRANATACARA PENGETAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun,
            Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/Ibu guru saha karyawan karyawati ingkang kinurmatan, para lenggah ingkang winantu agunging pakurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
            Lumintuning puja dalah puji mugia tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih awit saking kamirahanipun saha kaparenganipun kita sedaya taksih saged kempal manunggal kanthi kebak ing karaharjan, katentreman, kebagyan, saha kabagaswarasan. Ugi mboten kesupen, sholawat dalah salam mugia tetep kaluburaken dhumateng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun suka maringi pitedah dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing margining gesang kanthi kebak kasaenan. Saha kita sedaya sanget kaajeng-ajeng pitulunganipun benjang ing dinten kiyamat.
            Para rawuh kakung saha putri ingkang winantu ing suka rahayu, kaparenga kula angaturaken menggah urutaning rantaman adicara ing pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW samangke punika :
1.      Pambuka
2.      Waosan ayat suci Al-Qur’an
3.      Atur pangandikan saking pangarsa panita
4.      Medhar Sabda saking Bapak Kepala Sekolah
5.      Sabda Tama Tausiyah saking panjeneganipun Ervin Kurnia Aristiyani
6.      Donga
7.      Panutup
Mekaten rantama reroncening adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Sumangga sami ngenut lampahing pahargyan punika kanthi sekeca saha mardikaning panggalih.
            Ing salajengipun, adicara ingkang kaping kapisan pambuka. Sumangga adicara pengetan punika kita kabuka kanthi waosan basmallah.
            Wondone adicara ingkang kaping kalih waosan ayat suci Al-Qur’an. Nuwun kawula nuwun, dhumateng para rawuh ingkang katemben ngayahi pakaryan, kersa lerem sawatawis. Dhumateng Aryn Dwi Handayani kula aturaken sumangga ...
            Mekaten kalawau menggah swantenipun ayat – ayat suci Al-Qur’an sampun kuwaos. Mugya andayani kasaenan dhumateng kita sedaya, temahan saged ambekta lancar saha rancagipun adicara pengetan punika.
            Adicara ingkang kaping tiga atur pangandikan saking pangarsa panitia. Dhumateng Bapak Dyan Tri Krisnanto kula aturaken sumangga ...
            Tumepak adicara ingkang kaping sekawan Medhar Sabda saking Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng Ibu Erlina kula aturaken sumangga ...
            Adicara salajengipun Sabda Tama Tausiyah saking Ibu Ervi Kurnia Aristiyani. Dhumateng Ibu Ervin Kurnia Aristiyani kula aturaken sumangga ...
            Terang Trawaca dhawuh pangandikan saking Ibu Ervin Kurnia Aristiyani. Mugi – mugi punapa ingkang dipunngendikakaken saged katindakaken wonteng gesang punika. Amin Ya Robal’alamin. Adicara salajengipun donga, dhumateng Bapak Dyan Tri Krisnanto kula aturaken sumangga ...
            Adicara ingkang karantam sampun kasil lulus kanthi lancar saha rancag. Saderengipun adicara punika kula tutup, kula minangka titah sawantah, menawi wonten sedaya kelepatan, saking muna – muni, solah bawa, tata krama, saha samudayanipun ingkang kirang nuju prana, mawantu – wantu, kula nyuwun agenging pangaksami. Wasana sumangga kita tutup kanthi waosan hamdallah.


Billahitaufik wal hidayah, Wasalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar